Malin Kundang
Wiwit cilik Malin Kundang wis ora duwe bapak jalaran bapake seda. Dheweke urip ijen mung karo ibune wae. Ibune tresna banget marang Malin Kundang.
Sawise ngancik diwasa Malin Kundang kepengin lunga utawa bara golek penggaweyan menyang papan sing rada adoh. Sawise diijini dening ibune, Malin Kundang terus budhal bara menyang negara liya. Nganti pirang-pirang taun anggone bara, akhire Malin Kundang bisa kasil. Malin Kundang malih dadi wong sugih, oleh bojo ayu tur ya sugih pisan. Malin Kundang uripe malih kepenak nanging wis ora kelingan marang riwayate nalika isih cilik kelaran-laran biyen.
Sawijine dina, Malin Kundang kepengin mertinjo menyang tanah kelairan lan tanah leluhure. Sawise samubarange wis pepak kanthi didherekake garwa lan para punggawane, Malin Kundang banjur tumuju marang desa kelairane sarana numpak prau gedhe. Pawarta menawa Malin Kundang arep mulih menyang tanah kelairane uga dingerteni dening ibune. Amarga ibune kepengin cepet-cepet weruh anake, dheweke terus methuki Malin Kundang sing isih ana ing njero kapale. Ngerti ana wong tuwa sing rupane ala nyedhak lan ngaku-aku menawa Malin Kundang dadi anake, Malin Kundang ora gelem ngakoni kepara malah nesu. Kamangka wong tuwa iku sejatine ibu kandhunge dhewe, nanging Malin Kundang rumangsa isin marang bojone lan marang para punggawane. Kanggo nutupi rasa isine, wong tuwa mau kang sejatine ibune dhewe dilok-lokake lan disiya-siya kepara malah ditundhung minggat
Krana tumindak lan sikepe Malin Kundang sing kasar lan murang tata sarta ora gelem ngakoni ibu kandhunge dhewe, ibune Malin Kundang rumangsa nelangsa lan keranta-ranta banget atine. Bocah nalika isih cilik didama-dama, yen wis gedhe bisa njunjung drajade wonh tuwa, nanging bareng wis bisa kasil malah tumindak degsiya lan ora gelem ngakoni marang ibune. Saking nelangsa lan lara atine, ibune Malin Kundang banjur ninggalake kapal sinambi nyepatani Malin Kundang.
Sapungkure ibune, Malin Kundang uga ninggalake panggonan iku. Ora watara suwe, kapal sing ditumpaki Malin Kundang lan rombongane dumadakan katerjang angina lesus gedhe sing ndhadekake kapal iku kerem. Wekasane Malin Kundang sarombongane kerem ing njero segara.